Posts

Showing posts with the label Jawa

Simponi Hujan di Tahun 90-an

Image
Tanaman Uwi            Aku tinggal di sebuah dukuh kecil di tengah sawah, jauh dari keramaian dan pusat hiburan. Hujan adalah hiburan. Aku sangat senang dengan hujan. Kami biasa main kejar-kejaran di bawah derasnya curahan air dari langit, perosotan di tanah becek, atau sekadar menari-nari di halaman. Jika tak sempat bersentuhan, maka aku sering menikmatinya di serambi belakang rumah sambil makan jagung rebus dan menggoda ayam-ayam yang sedang ikut berteduh memakai biji jagung rebusku dengan main dok neng ceret topeng.         Hujan adalah kehidupan. Hujan memberi kami cadangan air bening dengan mudah dengan hanya menampungnya di teras rumah. Biasanya kami harus mengangkutnya dari sungai. Halaman belakang yang musim kemarau lalu kosong, sekarang sudah penuh dengan pucuk-pucuk uwi,  gembili, suweg, lengkuas, jahe, kunyit, temulawak juga puyang.         Hujan memunculkan laron-laron dari sarangnya, ...

Tembang Dolanan Jawa

      Masyarakat Jawa mengenal tembang atau lagu dalam kehidupan sehari-hari, baik itu untuk mengiringi kegiatannya atau untuk permainan. Berikut ini beberapa contoh lagu untuk anak-anak, khususnya yang ditemukan di daerahku (Jawa Timur). 1. Kidang talun     Lagu ini dinyanyikan untuk permainan jari layaknya sebuah hewan kijang.     Kidang talun     mangan kacang talun     mil ketemil mil ketemil     si kidang mangan lembayung 2. Ongkang      Lagu ini dinyanyikan untuk permainan ongkang-ongkang , yaitu mengayun anak menggunakan kaki.      Ongkang-ongkang belongkang      Jo mangan tai sakkrenjang      Mangano gedang selirang      Yo surak-surak horeeeeee     3. Gogorang      Lagu ini dinyanyikan ketika memandikan anak kecil, khususnya ketika ...

Demam Bros

Image
Jumat kepungkur pengajian ibu-ibu kantor diisi acara gawe kerajinan kang awujud bros saka kain. Seneng aku yen ana acara praktik gawe kerajinan ngono kuwi, amerga dasare aku ki seneng gawe barang sing butuh ketlatenan, pating prenil cilik-cilik. Nalika ning omah weruh kain perca sak pirang-pirang (mas ku usaha konveksi kaos) dadi kepikiran nyoba gawe bros saka kain perca. Kanthi modal dom, bolah, lan kain .....tadaaaa .... kaya ngene iki hasile.. Bros kembang saka kain perca Nalika tak dudohne kanca-kancaku, pada seneng karo sing bentuk kembang werna kuning. Iku saka kain katun sisa gawe kaos. Nanging maneka kembang ana gambar iku durung isa dienggo, amerga pancen lagi wangune thok, durung ana prangkat kaya tho peniti bros lan hiasan liyane. Makane wingi kepengin banget tuku alat lem tembak. Lan sidane mau mulih sangka kantor mampir menyang Jalan Kalilarangan, Solo, sing pancen ana toko-toko piranti gawe kerajinan. Mlebu salah sijine toko trus takon apa ana alat lem tembak, jare m...

Kupu ing njero Slambu Bludru

Panjelihe atiku nembus mring angkasa.  Banget olehe mbingget ing rasa.  Nanging aku ora isa ngapa-ngapa.  Aku amung sakderma nrima.  Aku ora melik mring banda lan kuasa.  Aku amung ngimpekake kamardikan uripku.  Mardika milih lan mardika mikir. Kabagyan ing uripku nalika aku isa namtokake  apa sing bakal dadi lakuku. 

Nduk

Netrane kang tanpa sunar, kayadene lintang panjer sore kasaput mendung. Polatane kang aclum, pindha mawar-mawar ing mangsa ketiga kang alum. Ragane kang aking, kaya anegesake urip sing sepi mamring. Bali dumeling ing talingane Bali kumlebat ing netrane Lamat-lamat suara iku teka "Nduk, ing nalika dalan lelimengan aja dene sira ninggalke sing kuasa kalawan kabeh iki dalan kang kudu dipecaki kanggo ngunggahne drajatmu ing tembe mburi"

Udan Nggrecih

wektu saya mrambat wengi motor lan mobil isih pating sliri udan nggrecih nambahi kekesing ati tak lirik bojoku teklak tekluk nahan ngantuke netra ing sisih tengenku Pak Min Ronde nembe gayeng crita gumbira, ora ana sleret rasa gela amarga wengi iki langganane akeh sing ora teka iki malem minggu sakathahing tumpakan rebut ducung anggone lumaku kayadene ngoyak wektu padha arep nengndi sliramu iku? aku ndepipis ana kene ing emper toko hiks e pak min ronde kasepen ing tengahe kutha kang rame

Biyung

Ing kene aku ngrasakake Panguripan kang congkah mring impen kang karonce Ananging kabeh iku uwis pesthine Ing dina-dina kang lumaku Wewayanganmu tansah kumlebat ana ngarepku Kayadene iburing kupu lan manuk madu Cilakane tembe niki kawula nyadari Gedening labuh labeting diri lan pakarti Dereng angsal panggenan wonten manahipun keng putra lan putri Sanajan katon samudana ing katuladan Panjenengan pawongan kang kebak kautaman Aku asung sak gunung pakurmatan Ing antarane luh kang mili Sanajan kalebu telat ing wanci Kula anggadahi janji Bakal tansah atur bekti Muga Allah anyembadani

Geguritanku Wengi Iki

Aku ora nate mbayangne bakal nglakoni Dalan nggronjal sing kudu tak liwati Kabeh iki kayadene ngimpi Getir nalika dipikir Senep nalika dianggep Semrepet nalika diampet Sing baku Aku kudu setya tuhu Marang apa sing dadi paugerku Aku percaya Gusti ora paring coba Angleluwihi kakuatane manungsa Mula ora perlu dilebokna ati Kabeh iku wis pinesti Manungsa saderma nglakoni

Langit Kutha Ngawi

Image
Wengi-wengi nglembur sinambi ngrungokne lagu-lagu saka flashdisk e bojoku, Kang RW. Iseng-iseng wae sakjane, amerga aku bosen ngrungokne lagu manca sing ana playlist ku. ndelalah isine flash disk lagu-lagu koplo karo campur sari. Karo manthuk-manthuk lan goyang sithik aku ngetik sinambi ngrungokake lagu koplone Sera. Bareng wis sawetara lagu ana lagune Dalang Poer, langit mendung kutha Ngawi . Sak kal pangangenku bali ning masa sing wis kawuri. Aku ngrasa wektu kayadene kumlesat tanpa ampun. Dalang Poer mbrebes mili aku yo melu-melu. Kelingan romansa ne kutha Ngawi. Kabeneran sesuk dinane Sabtu, saya tambah kangenku marang Ngawi. Mbiyen angger dina Sabtu aku bali ning Ngawi. Numpak bus Sumber Kencono sing diwedeni wong-wong, ning dadi mitraku suwene 10 tahun iku. Alhamdulillah ora nate nemoni alangan. Arep piye-piye, bus iku jasane gede banget kanggo wong-wong sing setya marang kendaraan umum. Karcis e Solo-Ngawi tahun 2002 gedene limang ewu rupiah. Terus tahun 2011 mundak dadi sang...

Lagu " Dancing in the moonlight"

Sawatara dina kepungkur, iseng-iseng nonton video link ning wall e kanca facebook. Video preview film "four lion". Ning kono ana lakon nyanyi lagu "dancing in the moonlight" rame-rame ana njero mobil. Sajake kok nyenengke banget, nyanyekne lagu iku rame-rame karo kanca. Terus wae aku nggoleki ana youtube , lan ngunduh lagu iku. Eladalah bareng tak rungokne sing kebayang ning pikiranku kok malah dolanan jamuran ndik jaman cilik. Terus wae pikiranku nglambrang marang jaman cilikan. Kelingan senenge manawa wayah mbulan e gede. Gegojegan bungah ana latar karo kanca-kanca sakbarakan. Dolanan jamuran, dhelikan lan liya-liyane. Jaman durung kecanduan hiburan elektronik. Jaman nalika isih raket karo alam. Ora krasa lagu "dancing in the moonlight" iku ngancani aku nganti turu sewengi utuh, aku lali ora mateni komputer hehe