Posts

Showing posts from April, 2013

Demam Bros

Image
Jumat kepungkur pengajian ibu-ibu kantor diisi acara gawe kerajinan kang awujud bros saka kain. Seneng aku yen ana acara praktik gawe kerajinan ngono kuwi, amerga dasare aku ki seneng gawe barang sing butuh ketlatenan, pating prenil cilik-cilik. Nalika ning omah weruh kain perca sak pirang-pirang (mas ku usaha konveksi kaos) dadi kepikiran nyoba gawe bros saka kain perca. Kanthi modal dom, bolah, lan kain .....tadaaaa .... kaya ngene iki hasile.. Bros kembang saka kain perca Nalika tak dudohne kanca-kancaku, pada seneng karo sing bentuk kembang werna kuning. Iku saka kain katun sisa gawe kaos. Nanging maneka kembang ana gambar iku durung isa dienggo, amerga pancen lagi wangune thok, durung ana prangkat kaya tho peniti bros lan hiasan liyane. Makane wingi kepengin banget tuku alat lem tembak. Lan sidane mau mulih sangka kantor mampir menyang Jalan Kalilarangan, Solo, sing pancen ana toko-toko piranti gawe kerajinan. Mlebu salah sijine toko trus takon apa ana alat lem tembak, jare m