Udan Nggrecih

wektu saya mrambat wengi
motor lan mobil isih pating sliri
udan nggrecih nambahi kekesing ati

tak lirik bojoku teklak tekluk nahan ngantuke netra
ing sisih tengenku Pak Min Ronde nembe gayeng crita
gumbira, ora ana sleret rasa gela amarga
wengi iki langganane akeh sing ora teka

iki malem minggu
sakathahing tumpakan rebut ducung anggone lumaku
kayadene ngoyak wektu
padha arep nengndi sliramu iku?

aku ndepipis ana kene
ing emper toko hiks e pak min ronde
kasepen ing tengahe kutha kang rame

Comments

Popular posts from this blog

Kolam Renang Taji, Magetan

Tembang Dolanan Jawa

Dokter THT di Karanganyar