Langit Kutha Ngawi

Wengi-wengi nglembur sinambi ngrungokne lagu-lagu saka flashdisk e bojoku, Kang RW. Iseng-iseng wae sakjane, amerga aku bosen ngrungokne lagu manca sing ana playlist ku. ndelalah isine flash disk lagu-lagu koplo karo campur sari. Karo manthuk-manthuk lan goyang sithik aku ngetik sinambi ngrungokake lagu koplone Sera. Bareng wis sawetara lagu ana lagune Dalang Poer, langit mendung kutha Ngawi . Sak kal pangangenku bali ning masa sing wis kawuri. Aku ngrasa wektu kayadene kumlesat tanpa ampun. Dalang Poer mbrebes mili aku yo melu-melu. Kelingan romansa ne kutha Ngawi.
Kabeneran sesuk dinane Sabtu, saya tambah kangenku marang Ngawi. Mbiyen angger dina Sabtu aku bali ning Ngawi. Numpak bus Sumber Kencono sing diwedeni wong-wong, ning dadi mitraku suwene 10 tahun iku. Alhamdulillah ora nate nemoni alangan. Arep piye-piye, bus iku jasane gede banget kanggo wong-wong sing setya marang kendaraan umum. Karcis e Solo-Ngawi tahun 2002 gedene limang ewu rupiah. Terus tahun 2011 mundak dadi sangang ewu rupiah. Menawa nyekel kartu langganan, entuk potongan sewu rupiah. Wuh, senengku wis ra jamak. Kartu langganan iku isih tak simpen nganti saiki, merga kartu sing paling gres ora nganggo masa kadaluarsa.

Bus biasane mandeg pertama ana Pungkruk, Sragen. Bakul panganan karo wong ngamen rebut ducung mlebu bus sing wis setengah mlaku. Aku nganti apal rupane bakul-bakul karo pengamen iku. Apameneh sing bakul peso. Nganti ukara-ukara promosine melu apal. Dene pengamen sing ana jalur Ngawi iku racake nyenengke. Apameneh sing rombongan koplo kae, lucu eram. Menghibur. Mbok ya gondrong-gondrong serem, ning apikan. Ora nate meksa. Ora menehi ya ora diplelengi, yo ora di tunggoni nganti nguwehi. Saiki lagu-lagu ngamen dadi terkenal. Sakathahing lagu ngamen iku, ana siji sing tak kelingi mbiyen dinyanyekne pengamen Gendingan-Ngawi. Judule embuh, ning ana lirike ngene "dukun Magetan ra iso trus menyang dukun-dukun liyane..."

Sinambi ngingeti sesawangan njaba, utawa namatke tingkahe para pengamen, utawa terkadang malah turu, ora krasa bus mlebu wewengkon Ngawi. Aku mudhun ana prapatan Mardiasri, trus ganti bus cilik sing arah ngidul. Mengkone kakanganku utawa adhiku bakal mapag ana pertelon.

Gawang-gawang wewayangane dukuh cilik lan saisine iku ana ngarep mripatku. hmmmm .... saiki skenarione wis beda. wis ra tau meneh ngalami perjalanan iku.

Comments

Popular posts from this blog

Tembang Dolanan Jawa

Kolam Renang Taji, Magetan

Dokter THT di Karanganyar