Posts

Showing posts from March, 2012

Biyung

Ing kene aku ngrasakake Panguripan kang congkah mring impen kang karonce Ananging kabeh iku uwis pesthine Ing dina-dina kang lumaku Wewayanganmu tansah kumlebat ana ngarepku Kayadene iburing kupu lan manuk madu Cilakane tembe niki kawula nyadari Gedening labuh labeting diri lan pakarti Dereng angsal panggenan wonten manahipun keng putra lan putri Sanajan katon samudana ing katuladan Panjenengan pawongan kang kebak kautaman Aku asung sak gunung pakurmatan Ing antarane luh kang mili Sanajan kalebu telat ing wanci Kula anggadahi janji Bakal tansah atur bekti Muga Allah anyembadani

Geguritanku Wengi Iki

Aku ora nate mbayangne bakal nglakoni Dalan nggronjal sing kudu tak liwati Kabeh iki kayadene ngimpi Getir nalika dipikir Senep nalika dianggep Semrepet nalika diampet Sing baku Aku kudu setya tuhu Marang apa sing dadi paugerku Aku percaya Gusti ora paring coba Angleluwihi kakuatane manungsa Mula ora perlu dilebokna ati Kabeh iku wis pinesti Manungsa saderma nglakoni

Langit Kutha Ngawi

Image
Wengi-wengi nglembur sinambi ngrungokne lagu-lagu saka flashdisk e bojoku, Kang RW. Iseng-iseng wae sakjane, amerga aku bosen ngrungokne lagu manca sing ana playlist ku. ndelalah isine flash disk lagu-lagu koplo karo campur sari. Karo manthuk-manthuk lan goyang sithik aku ngetik sinambi ngrungokake lagu koplone Sera. Bareng wis sawetara lagu ana lagune Dalang Poer, langit mendung kutha Ngawi . Sak kal pangangenku bali ning masa sing wis kawuri. Aku ngrasa wektu kayadene kumlesat tanpa ampun. Dalang Poer mbrebes mili aku yo melu-melu. Kelingan romansa ne kutha Ngawi. Kabeneran sesuk dinane Sabtu, saya tambah kangenku marang Ngawi. Mbiyen angger dina Sabtu aku bali ning Ngawi. Numpak bus Sumber Kencono sing diwedeni wong-wong, ning dadi mitraku suwene 10 tahun iku. Alhamdulillah ora nate nemoni alangan. Arep piye-piye, bus iku jasane gede banget kanggo wong-wong sing setya marang kendaraan umum. Karcis e Solo-Ngawi tahun 2002 gedene limang ewu rupiah. Terus tahun 2011 mundak dadi sang