Nduk

Netrane kang tanpa sunar,
kayadene lintang panjer sore kasaput mendung.
Polatane kang aclum,
pindha mawar-mawar ing mangsa ketiga kang alum.
Ragane kang aking,
kaya anegesake urip sing sepi mamring.

Bali dumeling ing talingane
Bali kumlebat ing netrane

Lamat-lamat suara iku teka
"Nduk, ing nalika dalan lelimengan
aja dene sira ninggalke sing kuasa
kalawan kabeh iki dalan kang kudu dipecaki
kanggo ngunggahne drajatmu ing tembe mburi"


Comments

Popular posts from this blog

Kolam Renang Taji, Magetan

Tembang Dolanan Jawa

Dokter THT di Karanganyar