Demam Bros

Jumat kepungkur pengajian ibu-ibu kantor diisi acara gawe kerajinan kang awujud bros saka kain. Seneng aku yen ana acara praktik gawe kerajinan ngono kuwi, amerga dasare aku ki seneng gawe barang sing butuh ketlatenan, pating prenil cilik-cilik. Nalika ning omah weruh kain perca sak pirang-pirang (mas ku usaha konveksi kaos) dadi kepikiran nyoba gawe bros saka kain perca. Kanthi modal dom, bolah, lan kain .....tadaaaa .... kaya ngene iki hasile..
Bros kembang saka kain perca
Nalika tak dudohne kanca-kancaku, pada seneng karo sing bentuk kembang werna kuning. Iku saka kain katun sisa gawe kaos. Nanging maneka kembang ana gambar iku durung isa dienggo, amerga pancen lagi wangune thok, durung ana prangkat kaya tho peniti bros lan hiasan liyane. Makane wingi kepengin banget tuku alat lem tembak. Lan sidane mau mulih sangka kantor mampir menyang Jalan Kalilarangan, Solo, sing pancen ana toko-toko piranti gawe kerajinan. Mlebu salah sijine toko trus takon apa ana alat lem tembak, jare mbak-mbak penjagane ana. Lega. Ngingeti maneka bahan, ning ati kemecer pengin nukoni kabeh lan gawe maneka karya...hehe ..

Ning sidane aku mung tuku bahan iki:
- alat lem tembak: 26.500
- isi lem tembak cilik:1.000
- manik-manik gede: 3.000 (@1000)
- peniti bros selusin: 1.100
- kain flanel 30x30 cm: 2.500


Saiki siap nyoba gawe maneka bros saka kain perca.

Comments

Popular posts from this blog

Tembang Dolanan Jawa

Kolam Renang Taji, Magetan

Dokter THT di Karanganyar