Posts

Showing posts from 2012

Kupu ing njero Slambu Bludru

Panjelihe atiku nembus mring angkasa.  Banget olehe mbingget ing rasa.  Nanging aku ora isa ngapa-ngapa.  Aku amung sakderma nrima.  Aku ora melik mring banda lan kuasa.  Aku amung ngimpekake kamardikan uripku.  Mardika milih lan mardika mikir. Kabagyan ing uripku nalika aku isa namtokake  apa sing bakal dadi lakuku. 

Resep Kurma Coklat

Image
Lebaran identik dengan silaturahim antar kerabat dan tetangga. Tak lengkap kan rasanya kalau kita ga nyiapin hidangan-hidangan khas lebaran? Kali ini aku bagi resep membuat kurma coklat. Kudapan ini  pas banget untuk suasana lebaran, tapi tentu aja ga lebaran juga boleh buat :D. Tiap lebaran aku seneng banget buat ni panganan, selain cara buatnya sangat simpel, hasilnya pun selalu memuaskan. Nih, simak dan praktikkan ya! Kurma Coklat Nana Bahan : - 1 kg kurma - 250 gr coklat batangan -  50 gr coklat pink - biskuit Alat: - Pisau - kertas roti kecil - spuit (plastik biasa) - Mangkuk tahan panas - Loyang Cara: 1. Pertama-tama buang biji kurma. Caranya dengan membelah kurma hingga cukup buat ngambil biji. Jangan terlalu lebar agar kurma tidak rusak. 2. Setelah biji kurma terbuang,  isi kurma tersebut dengan biskuit. Jadi biji kurma tadi diganti dengan biskuit. Maka pakainya biskuit yang bentuknya kecil. Saya pake biskuit Nissin crackers yang panjang-panjang itu. 3.

Nduk

Netrane kang tanpa sunar, kayadene lintang panjer sore kasaput mendung. Polatane kang aclum, pindha mawar-mawar ing mangsa ketiga kang alum. Ragane kang aking, kaya anegesake urip sing sepi mamring. Bali dumeling ing talingane Bali kumlebat ing netrane Lamat-lamat suara iku teka "Nduk, ing nalika dalan lelimengan aja dene sira ninggalke sing kuasa kalawan kabeh iki dalan kang kudu dipecaki kanggo ngunggahne drajatmu ing tembe mburi"

Udan Nggrecih

wektu saya mrambat wengi motor lan mobil isih pating sliri udan nggrecih nambahi kekesing ati tak lirik bojoku teklak tekluk nahan ngantuke netra ing sisih tengenku Pak Min Ronde nembe gayeng crita gumbira, ora ana sleret rasa gela amarga wengi iki langganane akeh sing ora teka iki malem minggu sakathahing tumpakan rebut ducung anggone lumaku kayadene ngoyak wektu padha arep nengndi sliramu iku? aku ndepipis ana kene ing emper toko hiks e pak min ronde kasepen ing tengahe kutha kang rame

Biyung

Ing kene aku ngrasakake Panguripan kang congkah mring impen kang karonce Ananging kabeh iku uwis pesthine Ing dina-dina kang lumaku Wewayanganmu tansah kumlebat ana ngarepku Kayadene iburing kupu lan manuk madu Cilakane tembe niki kawula nyadari Gedening labuh labeting diri lan pakarti Dereng angsal panggenan wonten manahipun keng putra lan putri Sanajan katon samudana ing katuladan Panjenengan pawongan kang kebak kautaman Aku asung sak gunung pakurmatan Ing antarane luh kang mili Sanajan kalebu telat ing wanci Kula anggadahi janji Bakal tansah atur bekti Muga Allah anyembadani

Geguritanku Wengi Iki

Aku ora nate mbayangne bakal nglakoni Dalan nggronjal sing kudu tak liwati Kabeh iki kayadene ngimpi Getir nalika dipikir Senep nalika dianggep Semrepet nalika diampet Sing baku Aku kudu setya tuhu Marang apa sing dadi paugerku Aku percaya Gusti ora paring coba Angleluwihi kakuatane manungsa Mula ora perlu dilebokna ati Kabeh iku wis pinesti Manungsa saderma nglakoni

Langit Kutha Ngawi

Image
Wengi-wengi nglembur sinambi ngrungokne lagu-lagu saka flashdisk e bojoku, Kang RW. Iseng-iseng wae sakjane, amerga aku bosen ngrungokne lagu manca sing ana playlist ku. ndelalah isine flash disk lagu-lagu koplo karo campur sari. Karo manthuk-manthuk lan goyang sithik aku ngetik sinambi ngrungokake lagu koplone Sera. Bareng wis sawetara lagu ana lagune Dalang Poer, langit mendung kutha Ngawi . Sak kal pangangenku bali ning masa sing wis kawuri. Aku ngrasa wektu kayadene kumlesat tanpa ampun. Dalang Poer mbrebes mili aku yo melu-melu. Kelingan romansa ne kutha Ngawi. Kabeneran sesuk dinane Sabtu, saya tambah kangenku marang Ngawi. Mbiyen angger dina Sabtu aku bali ning Ngawi. Numpak bus Sumber Kencono sing diwedeni wong-wong, ning dadi mitraku suwene 10 tahun iku. Alhamdulillah ora nate nemoni alangan. Arep piye-piye, bus iku jasane gede banget kanggo wong-wong sing setya marang kendaraan umum. Karcis e Solo-Ngawi tahun 2002 gedene limang ewu rupiah. Terus tahun 2011 mundak dadi sang