Posts

Showing posts from March, 2011

Lagu " Dancing in the moonlight"

Sawatara dina kepungkur, iseng-iseng nonton video link ning wall e kanca facebook. Video preview film "four lion". Ning kono ana lakon nyanyi lagu "dancing in the moonlight" rame-rame ana njero mobil. Sajake kok nyenengke banget, nyanyekne lagu iku rame-rame karo kanca. Terus wae aku nggoleki ana youtube , lan ngunduh lagu iku. Eladalah bareng tak rungokne sing kebayang ning pikiranku kok malah dolanan jamuran ndik jaman cilik. Terus wae pikiranku nglambrang marang jaman cilikan. Kelingan senenge manawa wayah mbulan e gede. Gegojegan bungah ana latar karo kanca-kanca sakbarakan. Dolanan jamuran, dhelikan lan liya-liyane. Jaman durung kecanduan hiburan elektronik. Jaman nalika isih raket karo alam. Ora krasa lagu "dancing in the moonlight" iku ngancani aku nganti turu sewengi utuh, aku lali ora mateni komputer hehe