Biyung

Ing kene aku ngrasakake
Panguripan kang congkah mring impen kang karonce
Ananging kabeh iku uwis pesthine

Ing dina-dina kang lumaku
Wewayanganmu tansah kumlebat ana ngarepku
Kayadene iburing kupu lan manuk madu

Cilakane tembe niki kawula nyadari
Gedening labuh labeting diri lan pakarti
Dereng angsal panggenan wonten manahipun keng putra lan putri

Sanajan katon samudana ing katuladan
Panjenengan pawongan kang kebak kautaman
Aku asung sak gunung pakurmatan

Ing antarane luh kang mili
Sanajan kalebu telat ing wanci
Kula anggadahi janji
Bakal tansah atur bekti
Muga Allah anyembadani

Comments

Popular posts from this blog

Tembang Dolanan Jawa

Kolam Renang Taji, Magetan

Dokter THT di Karanganyar