Posts

Demam Bros

Image
Jumat kepungkur pengajian ibu-ibu kantor diisi acara gawe kerajinan kang awujud bros saka kain. Seneng aku yen ana acara praktik gawe kerajinan ngono kuwi, amerga dasare aku ki seneng gawe barang sing butuh ketlatenan, pating prenil cilik-cilik. Nalika ning omah weruh kain perca sak pirang-pirang (mas ku usaha konveksi kaos) dadi kepikiran nyoba gawe bros saka kain perca. Kanthi modal dom, bolah, lan kain .....tadaaaa .... kaya ngene iki hasile.. Bros kembang saka kain perca Nalika tak dudohne kanca-kancaku, pada seneng karo sing bentuk kembang werna kuning. Iku saka kain katun sisa gawe kaos. Nanging maneka kembang ana gambar iku durung isa dienggo, amerga pancen lagi wangune thok, durung ana prangkat kaya tho peniti bros lan hiasan liyane. Makane wingi kepengin banget tuku alat lem tembak. Lan sidane mau mulih sangka kantor mampir menyang Jalan Kalilarangan, Solo, sing pancen ana toko-toko piranti gawe kerajinan. Mlebu salah sijine toko trus takon apa ana alat lem tembak, jare m...

Kupu ing njero Slambu Bludru

Panjelihe atiku nembus mring angkasa.  Banget olehe mbingget ing rasa.  Nanging aku ora isa ngapa-ngapa.  Aku amung sakderma nrima.  Aku ora melik mring banda lan kuasa.  Aku amung ngimpekake kamardikan uripku.  Mardika milih lan mardika mikir. Kabagyan ing uripku nalika aku isa namtokake  apa sing bakal dadi lakuku. 

Resep Kurma Coklat

Image
Lebaran identik dengan silaturahim antar kerabat dan tetangga. Tak lengkap kan rasanya kalau kita ga nyiapin hidangan-hidangan khas lebaran? Kali ini aku bagi resep membuat kurma coklat. Kudapan ini  pas banget untuk suasana lebaran, tapi tentu aja ga lebaran juga boleh buat :D. Tiap lebaran aku seneng banget buat ni panganan, selain cara buatnya sangat simpel, hasilnya pun selalu memuaskan. Nih, simak dan praktikkan ya! Kurma Coklat Nana Bahan : - 1 kg kurma - 250 gr coklat batangan -  50 gr coklat pink - biskuit Alat: - Pisau - kertas roti kecil - spuit (plastik biasa) - Mangkuk tahan panas - Loyang Cara: 1. Pertama-tama buang biji kurma. Caranya dengan membelah kurma hingga cukup buat ngambil biji. Jangan terlalu lebar agar kurma tidak rusak. 2. Setelah biji kurma terbuang,  isi kurma tersebut dengan biskuit. Jadi biji kurma tadi diganti dengan biskuit. Maka pakainya biskuit yang bentuknya kecil. Saya pake biskuit Nissin crackers yang panjang-pan...

Nduk

Netrane kang tanpa sunar, kayadene lintang panjer sore kasaput mendung. Polatane kang aclum, pindha mawar-mawar ing mangsa ketiga kang alum. Ragane kang aking, kaya anegesake urip sing sepi mamring. Bali dumeling ing talingane Bali kumlebat ing netrane Lamat-lamat suara iku teka "Nduk, ing nalika dalan lelimengan aja dene sira ninggalke sing kuasa kalawan kabeh iki dalan kang kudu dipecaki kanggo ngunggahne drajatmu ing tembe mburi"

Udan Nggrecih

wektu saya mrambat wengi motor lan mobil isih pating sliri udan nggrecih nambahi kekesing ati tak lirik bojoku teklak tekluk nahan ngantuke netra ing sisih tengenku Pak Min Ronde nembe gayeng crita gumbira, ora ana sleret rasa gela amarga wengi iki langganane akeh sing ora teka iki malem minggu sakathahing tumpakan rebut ducung anggone lumaku kayadene ngoyak wektu padha arep nengndi sliramu iku? aku ndepipis ana kene ing emper toko hiks e pak min ronde kasepen ing tengahe kutha kang rame

Biyung

Ing kene aku ngrasakake Panguripan kang congkah mring impen kang karonce Ananging kabeh iku uwis pesthine Ing dina-dina kang lumaku Wewayanganmu tansah kumlebat ana ngarepku Kayadene iburing kupu lan manuk madu Cilakane tembe niki kawula nyadari Gedening labuh labeting diri lan pakarti Dereng angsal panggenan wonten manahipun keng putra lan putri Sanajan katon samudana ing katuladan Panjenengan pawongan kang kebak kautaman Aku asung sak gunung pakurmatan Ing antarane luh kang mili Sanajan kalebu telat ing wanci Kula anggadahi janji Bakal tansah atur bekti Muga Allah anyembadani

Geguritanku Wengi Iki

Aku ora nate mbayangne bakal nglakoni Dalan nggronjal sing kudu tak liwati Kabeh iki kayadene ngimpi Getir nalika dipikir Senep nalika dianggep Semrepet nalika diampet Sing baku Aku kudu setya tuhu Marang apa sing dadi paugerku Aku percaya Gusti ora paring coba Angleluwihi kakuatane manungsa Mula ora perlu dilebokna ati Kabeh iku wis pinesti Manungsa saderma nglakoni